Rabu, 26 November 2014

buku kumpulan geguritan


1.      PUCUNG
Upamane wohing kembang dadi thukhul
Urip uripana
Kaya manungsa kang urip
Setya kersa marang gustine kang Esa

2.      DURMA
Iki luput marang tanah air kita
Tanah air kang gedhi
Apa wae ana
Ana seneng lan susah
Anggon lelara lan sedih
Mulane monggo
Monggo mbebenah bumi

3.      KINANTHI
Pepadhange iku murup
Madhangke ati kang mati
Madhangke ati kang lara
Aja amung ngono iku
Pepadhangan iku surya
Surya awujud mentari
4.      ASMARANDHANA
Bumi indah iku resik
Resik iku dudu jaba
Ananging iku jerone
Ora mung jero lan jaba
Iku termasuk jiwa
Jiwa kang suci lan tulus
Saenipun jiwa raga

5.      GAMBUH
Bumi kang indah iku
Dudu bumine kita kang kumuh
Ayo podho mbebenah bumine iki
Kanthi carane kang nandhur
Nandhur sarwa kabecikan

6.      PANGKUR
Sapa sira ora krasa
Krasa apa dene rusak ing bumi
Ayo podho ngrasa iku
Ngrasa apa kang nyata
Nyata anane bumi kang rusak iku
Ulah e para manungsa
Ayo di jaga iki

7.      SINOM
Jaman e wis jaman edan
Penghunine muda mudi
Iki bumine wis tua
Ayo podho jaga iki
Sedurung rusak bumi
Aja amung guya guyu
Wayah e podho tobat
Amrih ora ngrusak bumi
Ayo padha njaga apa kang wis ana

8.      MEGATRUH
Miji timun pancen e kudu di tandhur
Tandhurana lemah siwi
Aja lali karo banyu
Banyu kang kudu mangalir
Supaya dadi tandhuran

9.      MIJIL
Bumi iki panggonan kang becik
Mula do di jaga
Aja mung sak kepenakke dewe
Ayo padha njaga bumi iki
Bumiku kang becik
Bumi kang rahayu

10.  DANDHANGGULA
Ibarat banyu kali kang mili
Welas asihmu ra ketung bapa
Tulus ati tak rasakke
Gawe mantep atiku
Njaluk pangapuramu bapa
Yen suwene iki sira
Luput marang laku
Najan aku durung bisa
Agawe bebungah atimu iki
Mugia ora gelo

11.  MASKUMAMBANG
Nagara iku butuh pahlawan sakti
Kilo aku ana
Mbiantu apa kang becik

Supaya dadi bebungah 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar