Sejarah
Kadipaten Onje
Wonten
pengembara saking ngulon asmanipun Ki Tepus Rumput . Nang alas ngaso sendehan
nang wit jati sing mambune wangi. Dadi
panggonan wau diarani Jati Wangi. Nang dalan, Ki Tepus kepanggih kalih Ki
Kantha Raga. Nggon kuwi akeh wit burus dadine diarani Onje. Kantha Raga melingi
Tepus supados tapa nang bukit tukung wetan gunung Slamet. Sawise tapa, Tepus olih wangsit kon nderek
sayembara saking Sultan Pajang kon nggoleti cincin socaludira. Tepus nemokna
cincine banjur Sultan Pajang ngwei selir nanging aja nganti dirabi. Amargi
selir kuwi lagi ngandung anake Sultan Pajang. Selir kuwi asmanipun Kencana
Wungu. Tepus uga diwenehi Kadipaten Onje banjur dados Adipati Onje. Gelaripun
Adipati Ore- ore 1.
Sawise anake Kencana Wungu Lair terus diopeni kalih
Adipati Ore- ore 1 tekan gedhe. Sawise gedhe banjur Kadipaten Onje diwehna
marang anak kuwi. Asmanipun Raden Anyakrapati ngganteni Adipati Ore – ore 1. Ki
Tepus langsung lunga ngembara malih menyang mangetan. Adipati Ore- ore 2 utawa
Anyakrapati mbojo kalih Dewi Pakuwati. Pakuwati kagungan anak asmanipun Raden
Mangunjaya lan Randen Cakrakusuma. Lajeng mbojo malih kalih Kelingwati lan
Paingan. Kelingwati kagungan putra asmanipun Kuning Wati. Saking Paingan gadah
putra Mangsataka lan Arsantaka. Kuning Wati mbojo kalih ulama keturunan arab
asmanipun Sayyid Kuning, kerabat para wali sanga. Teng Onje, Sayyid dados
pengulu lan imam teng Masjid Onje ingkang saiki dados kebanggaan para warga
desa Onje.
Anak Sultan Pajang, Raden Benowo rebutan tahta kaliyan
Arya Panggiri Adipati saking Demak wektu Sultan Pajang sampun seda. Benowo
direwangi kalih Sutawijaya ndadosaken Benowo saged ngrebut tahta saking Arya
Panggiri. Arya Panggiri lajeng wangsul malih teng kadipaten teng Demak. Nanging
Benowo boten kuat malih dados raja Pajang sahingga tahta raja diwenehake marang
Sutawijaya. Pusat kerajaan teng Sutawijaya banjur dipindahke marang Mataram
banjur ndadosaken Kerajaan Pajang musnah.
Lajeng Kadipaten Onje dados duweke Kerajaan Mataram.
Nanging, Mataram banjur pecah dadi loro sawise wonten perjanjian Giyanti, Yaiku
Surakarta Hadiningrat lan Ngayogyakarta. Onje nderek Surakarta lan boten dados
Kadipaten malih nanging dados perdikan.
Saya suwe daerah Onje saya ciut amaragi tentara hindia belanda njajah negari
nusantara ndadeake perdikan owah dados medang. Keturunan Onje ingkang taksih
yaiku Ngabehi Denok minangka Demang pamerdan ingkang putranipun Mangsantaka lan
Gelaripun Dipayuda 1 ning jaman Susuhunan Pakubuwana 1. Menawi Arsantaka medal
saking onje ngembara tekan desa Masaram (saiki mlebet kabupaten Banjarnegara.
Teng perang jenar ingkang kalebet perang mangkubumen,
Arsantaka ngrewangi Kadipaten banyumas mbiyantu Pakubuwono lawan Raden
Mangkubumi. Amargi sampun mbiyantu Kadipaten Banyumas, Adipati Banyumas, Raden
Tumenggung Yudanegara ndadosaken putranipun Arsantaka ingkang asmanipun Arsayuda
dadi mantu lan dados Tumenggung Karanglewas, yaiku Raden Tumenggung Dipayuda 3.
Saking saran Arsantaka minangka penasehat Arsayuda, pusat Karanglewas
dipindahake teng desa Purbalingga. Teng ngriku ndamel Pendapa Kabupaten lan
Alun-Alun ingkang dados cikal bakal Kabupaten Purbalingga lair. Sawise
Kabupaten Purbalingga, Medang Onje owah malih dados desa tekan saiki. Kangge
memperingati laire Kabupaten Purbalingga, secara resmi ditetapaken ing 18
Desember 1830.
Katah sanget peninggalan petilasan saking Kadipaten Onje.
Yaiku petilasan Jati Wangi, tempat Ki Tepus Rumput ngaso, Batu arca(gambar
sikil jaran teng cadas), Wit blimbing kang dianggep tempat manggone pendapa
Kadipaten Onje, Tuk Domas panggonane siram kagem para garwa Adipati Onje II.
Makam medang kalih, yaiku makam garwane Adipati Onje II saking cipaku lan Pasir
Luhur. Makang medang niku dipercaya panggonan dapur pendapa. Pesarean Adipati
(dkelilingi pager lan wonten undak
undakan), Jojok telu (Tempat para wali ketemu) sadurunge mbangun Mesjid Onje.
Uga wonten situs pra sejarah yaiku watu dakon. Para warga
wonten kang percaya menawi adus teng ngriku mangke diparingi berkah lan uripe
kepenak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar