Rabu, 26 November 2014

teks pranatacara

Assalamu’alaikum Warakhmatullahi wabarakatuh.
Katemtreman, kabagaswarasan, saha kamulyan, mugi tansah kajiwa kasalira wonten ing jiwangga kula dalah panjenengan sedaya waradin sagung dumadi.
Ingkang kinurmatan bapak kepala desa sokaraja tengah, ingkang kula urmati ugi bapak ketua RW saha ketua RT wonten ing tlatah sokaraja tengah, ingkang kinabekten sesepuh para pinisepuh, para rawuh kakung putri, rumaja putra, rumaja putri, wedha mudha minulya.
Linambaran kanthi muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang maha mirah lan asih, ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, kabahagyan saha katentreman, sahengga wonten dalu menika, kula dalah panjenengan sadaya saged makempal wonten mesjid jami’ miftahul jannah mriki, mboten wonten alangan setunggal menapa.
Nuwun sanggyaning para rawuh kakung purti ingkang kinurmatan. Keparenga kula pun Akbar Aminudin minangka pranatacara badhe nglantaraken titilaksana adicara pengaosan isro’ mi’roj wonten ing dalu menika,
Dene rantaman adicara nun inggih:
Sepisan                       : pambuka
Kaping kalih                : waosan ayat suci al-qur’an ingkang badhe dipunwaos dening ust. Maulana Adi Prabowo
Kaping tiganipun        : Atur palaporan saking pangarsa panitya, bapak Sartono, S.Pd.
Kaping sekawanipun   : Atur pambagyaharja saking bapak kepala desa Sokaraja Tengah , nun inggih     Bapak Agus sumarlan, B.A
Kaping gangsalipun    : Mauhidlatul hasanah ingkang badhe dipunandaraken dening Bapa KH. Radlin Nur Rahmah, S.Ag., M.Si.
Kaping nenemipun     : Donga utawi hastungkara dening Bapa KH. Mohammad lutfi M.Ag.
Kaping pitunipun        : Panutup.
            Bapak Ibu saha para tamu kakung putri ingkang kinurmatan.
Mekaten rantaman adicara pengaosan isro’ mi’roj ing dalu menika.Wasana sakderengipun acara pengaosan dalu menika kawiwitan, sumangga sareng-sareng maos basmallah langkung rumiyin: Bismillah hirrahman nirrahim.
…………….

Bapak Ibu saha para rawuh ingkang kinurmatan.
Setunggal baka setunggal titilaksana adicara pengaosan sampun kalampahan kanthi lancar, gancar, mboten wonten alangan setunggal, kula minangka panatacara utawi pambiwara nyuwun pangapunten mbok bilih anggen kula matur saha solah bawa kula mboten mranani wonten penggalih panjenenga. Wasana, akhirul kalam.
Wasalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar