Rabu, 26 November 2014

ikhtisar hariwangsa


Sejarah Kadipaten Onje
                Wonten pengembara saking ngulon asmanipun Ki Tepus Rumput . Nang alas ngaso sendehan nang wit jati sing mambune wangi.  Dadi panggonan wau diarani Jati Wangi. Nang dalan, Ki Tepus kepanggih kalih Ki Kantha Raga. Nggon kuwi akeh wit burus dadine diarani Onje. Kantha Raga melingi Tepus supados tapa nang bukit tukung wetan gunung Slamet.  Sawise tapa, Tepus olih wangsit kon nderek sayembara saking Sultan Pajang kon nggoleti cincin socaludira. Tepus nemokna cincine banjur Sultan Pajang ngwei selir nanging aja nganti dirabi. Amargi selir kuwi lagi ngandung anake Sultan Pajang. Selir kuwi asmanipun Kencana Wungu. Tepus uga diwenehi Kadipaten Onje banjur dados Adipati Onje. Gelaripun Adipati Ore- ore 1.
            Sawise anake Kencana Wungu Lair terus diopeni kalih Adipati Ore- ore 1 tekan gedhe. Sawise gedhe banjur Kadipaten Onje diwehna marang anak kuwi. Asmanipun Raden Anyakrapati ngganteni Adipati Ore – ore 1. Ki Tepus langsung lunga ngembara malih menyang mangetan. Adipati Ore- ore 2 utawa Anyakrapati mbojo kalih Dewi Pakuwati. Pakuwati kagungan anak asmanipun Raden Mangunjaya lan Randen Cakrakusuma. Lajeng mbojo malih kalih Kelingwati lan Paingan. Kelingwati kagungan putra asmanipun Kuning Wati. Saking Paingan gadah putra Mangsataka lan Arsantaka. Kuning Wati mbojo kalih ulama keturunan arab asmanipun Sayyid Kuning, kerabat para wali sanga. Teng Onje, Sayyid dados pengulu lan imam teng Masjid Onje ingkang saiki dados kebanggaan para warga desa Onje.
            Anak Sultan Pajang, Raden Benowo rebutan tahta kaliyan Arya Panggiri Adipati saking Demak wektu Sultan Pajang sampun seda. Benowo direwangi kalih Sutawijaya ndadosaken Benowo saged ngrebut tahta saking Arya Panggiri. Arya Panggiri lajeng wangsul malih teng kadipaten teng Demak. Nanging Benowo boten kuat malih dados raja Pajang sahingga tahta raja diwenehake marang Sutawijaya. Pusat kerajaan teng Sutawijaya banjur dipindahke marang Mataram banjur ndadosaken Kerajaan Pajang musnah.
            Lajeng Kadipaten Onje dados duweke Kerajaan Mataram. Nanging, Mataram banjur pecah dadi loro sawise wonten perjanjian Giyanti, Yaiku Surakarta Hadiningrat lan Ngayogyakarta. Onje nderek Surakarta lan boten dados Kadipaten malih nanging dados perdikan.  Saya suwe daerah Onje saya ciut amaragi tentara hindia belanda njajah negari nusantara ndadeake perdikan owah dados medang. Keturunan Onje ingkang taksih yaiku Ngabehi Denok minangka Demang pamerdan ingkang putranipun Mangsantaka lan Gelaripun Dipayuda 1 ning jaman Susuhunan Pakubuwana 1. Menawi Arsantaka medal saking onje ngembara tekan desa Masaram (saiki mlebet kabupaten Banjarnegara.
            Teng perang jenar ingkang kalebet perang mangkubumen, Arsantaka ngrewangi Kadipaten banyumas mbiyantu Pakubuwono lawan Raden Mangkubumi. Amargi sampun mbiyantu Kadipaten Banyumas, Adipati Banyumas, Raden Tumenggung Yudanegara ndadosaken putranipun Arsantaka ingkang asmanipun Arsayuda dadi mantu lan dados Tumenggung Karanglewas, yaiku Raden Tumenggung Dipayuda 3. Saking saran Arsantaka minangka penasehat Arsayuda, pusat Karanglewas dipindahake teng desa Purbalingga. Teng ngriku ndamel Pendapa Kabupaten lan Alun-Alun ingkang dados cikal bakal Kabupaten Purbalingga lair. Sawise Kabupaten Purbalingga, Medang Onje owah malih dados desa tekan saiki. Kangge memperingati laire Kabupaten Purbalingga, secara resmi ditetapaken ing 18 Desember 1830.
            Katah sanget peninggalan petilasan saking Kadipaten Onje. Yaiku petilasan Jati Wangi, tempat Ki Tepus Rumput ngaso, Batu arca(gambar sikil jaran teng cadas), Wit blimbing kang dianggep tempat manggone pendapa Kadipaten Onje, Tuk Domas panggonane siram kagem para garwa Adipati Onje II. Makam medang kalih, yaiku makam garwane Adipati Onje II saking cipaku lan Pasir Luhur. Makang medang niku dipercaya panggonan dapur pendapa. Pesarean Adipati (dkelilingi pager lan  wonten undak undakan), Jojok telu (Tempat para wali ketemu) sadurunge mbangun Mesjid Onje.
            Uga wonten situs pra sejarah yaiku watu dakon. Para warga wonten kang percaya menawi adus teng ngriku mangke diparingi berkah lan uripe kepenak.
           
                 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar