1.
Adigang,
adigung, adiguna
- Tiyang
ingkang nganelaken kekiyatan, kaluhuran, ugi kapinteranipun piyambak.
2.
Ana catur
mungkur
- Ngaturaken
kaawonanipun tiyang sanes
- Kadangkala
wonten tiyang ingkang kepengin dipunakui nanging boten purun usaha, lajeng ngelek-ngeleki
tiyang sanes (kadasta dipun pitnah, dipun raosi wonten wingking).
3.
Aji godhong
garing
- Sampun boten
wonten ajinipun.
- Tiyang
ingkang tumindak cidra biasane lajeng boten diajeni malih dening tiyang sanes,
saking boten wonten akine, kadasta godhong garing.
4.
Anggenthang
umos
- Tiyang
ingkang boten saged nyimpen wewadinipun tiyang sanes.
5.
Anak polah,
bapa kepradah
- Punapa
kemawon tindakan anak, ingkang nanggung
tiyang sepuhipun, amargi anak punika tanggel jawabipun tiyang sepah.
- Menawi wonten
tindak tandukipun ingkang awon, tiyang sepah ingkang dipun salah-salahaken
dening tiyang sanes.
6.
Baladewa
ilang gapite
- Wayang
ingkang pideksa, menawi ical gapitipun boten saged diagem, ugi boten saged
dipuntancepaken kanthi jejeg.
- Tiyang
ingkang sampun ical kaluhuranipun.
7.
Bathok bolu
isi madu
- Tiyang
ingkang andhap asor, ugi pinter.
8.
Belo melu
seton
- Namung saged
nderek kemawon, nanging boten paham kekarepanipun.
- Sipat punika
saged ndadosaken menungsa sombong ugi sok mangertos, ingkang saged ndamel
menungsa punika kejebak wonten kabodonanipun.
9.
Busuk
ketekuk, pinter keblinger
- Tiyang bodho
kaliyan tiyang pinter sami-sami manggih kacilakan.
10.
Cebol nggayuh
lintang
- Kepenginan
ingkang inggil, ingkang boten bakal kelakon.
11.
Cedhak kebo
gupak
- Kabekta
tumindhak ingkang awon, amargi lingkungan.
- Tiyang punika
dipun aruhi dening 4 prekara: tiyang sepuh, lingkungan, keyakinan,
piyambakipun. Mula kedah ngatos-atos nalika srawung wonten ing lingkungan
ingkang asing.
12.
Dandang
diunekake kentul, kentul diunekake dandang
- Punapa
ingkang awon dipuwastani becik, ugi
sakwangsulanipun, punapa ingkang becik dipunwastani awon.
13.
Demit ora
ndulit, setan ora doyan
- Tansah
pinaringan kaslamatan, kesugengan, mboten wonten ingkang nggoda.
- Keslamatan
punika kagunganipun menungsa ingkang nggadahi sipat ingkang becik.
14.
Esuk dhele,
sore tempe
- Mencla-mencle.ngendikanipun
boten tetep.
- Sapunika ngendika A, benjing ngendika B.
15.
Gupak pulute,
ora mangan nangkane
- Namung nderek
rekasanipun kemawon, boten ngraosaken kepenak ugi bungahipun.
16.
Jagakake
endhoge si blorok
- Njagikaken
barang ingkang dereng mesthi wonten.
17.
Njajah desa
milang kori
- Njajah wonten
pundi-pundi kemawon
- Tiyang gesang
punika mbetahaken ngelmu utawi kawruh, pramila kita kedah madosi ngelmu punika
wonten ing pundi kemawon, ugi ngantos pundi kemawon.
18.
Jer basuki mawa
bea
- Samubarang
gegayuhan kedah mbetahaken wragat.
19.
Kacang ora
ninggal lanjaran
- Sedaya sipat
anak niru tiyang sepuhipun.
20.
Kebo kabotan
sungu
- Tiyang
ingkang ngraosaken rekasa amargi katahen anak utawi tanggungan.
21.
Keplok ora
tombok
- Tiyang
ingkang remenane maido, boten purun nderek cawe-cawe.
22.
Ketula-tula
katali
- Tiyang
ingkang tansah nandhang sangsara.
23.
Lanang
kemangi
- Tiyang jaler ingkang jirih.
24.
Mikul dhuwur
mendhem jero
- Nju njung
inggil, neladani kabecikanipun, ugi njagi asma saenipun tiyang sepuh (bekti ugi
saged njunjung
drajate tiyang sepuh).
25.
Rawe-rawe
rantas malang-malang putung
- Majeng terus,
boten pareng mundur.
- Menawi kita
gadah kepenginan, kita kedah ngupayakaken kanthi semangat, boten pareng nyerah,
amargi tiyang ingkang rekasa punika amargi gampil nyerah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar