Cerita Rakyat Babad Pesarean Ing Desa Srandil
Denig
: m.aji hartanto
NIM
: 2611413024
SASTRA JAWA
UNNIVERSITAS NEGRI SEMARANG
2014
Cerita Rakyat Babad Pesarean Ing Desa
Srandil
Desa
Srandil inggih menika, desa ingkang dipun babad kalian Mbah Munobiat utawa
biasa di kenal karo sebutan Kyai Munobiat. Kyai Munobiat menika wayahipun Kyai
Khasan Besari, putranipun Khasan Yahya sakig Tegalsari, Jetis Ponorogo.
Kala
rumiyin, Ponorogo menika babad saking Mataram. Kyai Khasan Besari malebet
wonten ing Tegalsari. Kyai Khasan Besari menika di ijini, ananging wonten
permintaan damel mbabad Desa Srandil, inggih menika desa ingkang dereng wonten
ingkang mbabad.
Mila
Kyai Khasan Besari nyuwun dateng keturunanipun damel mbabad Desa Srandil menika.
Lajeng, ingkang mbabad inggih menika Kyai Munobiat. Ngepasi Srandil di babad,
Sumarata sampun ngadek jejek ingkang pimpinan Adi Pati Sumarata nomer kalih,
inggih menika Raden Mas Tumenggung Sumanegara.
Sak
sampunipun Desa Srandil di babad dening Kyai Munobiat, Srandil menika di
wontenaken pesarean damel makam keturunan keturunanipun para sesepuh Srandil
piambak, lan para sesepuh saking Sumarata.
Pesarean
menika saniki terkenal kalian nama Astana Srandil. Mapan ing Desa Srandil,
Kecamatan Jambon utawi 11 Km mengilen saking kitha Ponorogo saderengipun
Badegan. Saking radosan ageng, terus mengalor kurang lewih 200 M, mapan ing sak
wingkingipun SDN 1 Srandil.
Menawi
di deleng saking geografisipun, Astana Srandil menika wonten ing pegunungan
ingkang sambung – sinambung. Saking pamanggihipun R.A. Sundari (mantan juru
kunci Astana Srandil, Almarhum) gunung alit – alit menika wonten 5 gunung.
Inggih menika; Gunung Lemu, Gunung Bancak, Gunung Ngrayu, Gunung Srayu, lan
Gunung Srandil.
Pesarean
menika mapanipun ing Gunung Srayu. Miturut pamnggihipun Mbah Sarmadi (mantan
juru kunci Astana Srandil) Gunung Srayu menika nggadah i arti “Sugeng Rahayu”
utawi gunung ingkang saget maringi keslametan. Mbah Sarmadi ngendika menawi
priyantun ingkang sepisan di makamaken ing Astana Srandil inggih menika Raden
Mertakusuma, inggih menika patih saking Kabupaten Polorejo ingkang dados tiyang
ingkang pro- kalian Pangeran Diponegoro wonten ing peperangan ngalwan Bangsa
Walandhi.
Desa
Polorejo menika mapan ana ing sakleripun kitha Ponorogo, sniki sampun dados
stunggal kaliyan Kecamatan Babadan. Desa menika tansah ndadak rejo (rame) sak
sampunipun ing sisih wetanipun di bangun terminal tipe A ingkang di kenal
kaliyan nama Trminal Seloaji.
Desa
Polorejo menika ing abad-19 an dados pusating pamarentahan saking Kabupaten
Polorejo. Rumiyin ing Ponorogo wonten sekawan kabupaten ingkang sedaya
kabupaten menika dados abdinipun Kasunanan Surakarta, inggih menika Kabupaten
Ponorogo Kutho Wetan, Kabupaten Pedanten Kutha Kidul, Kabupaten Sumoroto Kutha
Kulon, lan Kabupaten Polorejo Kutha Lor.
Cariyosipun,
kala rumiyin Kabupaten Poloreja minika wonten tiyang pangembara saking
Surakarta. Pangembara menika dados tiyang ingkang mbabad alas ing sawijining
papan (sak ler ipun kitha Ponorogo) lajeng dipun dadosaken papan panggenan
damel mbangun omah lan mbangun Pondok Pesantren ingkang dados papan panggenan
panyinaon agama islam kanggo para warga. Papan kasebut dijenengi “Pondok
Cempoko”. Suwe – suwe pondok kasebut saya rame (rejo) sahingga Pondok Cempoko
jeneng e di ubah dadi “Pondok Cempolorejo”.
Seiring
lakune jaman, para Pandhegane Pondok Cempolorejo di dadekake Adipti dening
Panguasa Kasunana Surakarta Sunan Paku Buwana IV ing papan kasebut. Kalian
nyandhang gelar Raden Tumenggung Brotonegoro, lan papan panggenanipun dipun
sebut Kabupaten Polorejo.
Ngadeging
kabupaten anyar kasebut, nggadah i respon ingkang positif saking desa – desa
ing sakiwa tengen e, kathah desa – desa ingkang nggabungaken desanipun kliyan
Kabupaten Polorejo. Kayata; Desa Ngunut ingkang di Pandhegani kalian Ki Lurah
Puspadimejo (kala rumiyin, nama desa menika asalipun saking tembung “Nunut”
tegese Nunut pemerintahan Raden Tumenggung Brotonegoro), Desa Bareng ingkang
dipun pandhegani kaliyan Ki Lurah Jogotirta (nama desa menika aslipun saking
tandhuran “Wareng”, inggih menika papan ingkang sangandaping tandhuran Wareng
menika, papan panggenan ingkang dipun panggeni kaliyan pangembara ingkang
asalipun saking Surakarta, ingkang gadah asma Joyodiguna, sing sepisan mbabad
alas ing papan kasebut, sahingga desa menika kasebut kaliyan Desa Bareng), lan
desa – desa liya ingkang wonten ing sakitaring Kali Sekayu.
Sasuwene
pamarintahan Kabupaten Polorejo di pandhegani dening Raden Tumenggung Brotonegoro, ing kasultanan
Yogyakarta lagi ana Perang Diponegoro (1825 – 1830). Walaupun Kabupaten
Polorejo lan 3 Kabupaten liya wonten ing sakngandaping pamerintahan Kasunanan
Surakarta, nanging amargi kacelakkanipun kalih Kabupaten Madiun (kalebu ing
wilayah Kasultanan Yogyakarta) sekedik kathah mesthi gadah i pengaruh kanggo
Kabupaten Polorejo, sebab Perang Diponegoro boten namung kalampahan ana ing
Jawa Tengah mawon ananging marambat ing Madiun, Ngawi, Pacitan, lan boten
katinggalan Kertosono.
Ing
Kabupaten Madiun, wonten priyantun ingkang setia dumateng Pangeran Diponegoro
ingkang gadah asma ingih menika Kertadirdja. Priyantun menika ingkang
mandhegani perlawanan rakyat Madiun kagem ngalawan para prajurit bangsa
walandhi. Kartadirdja nglajengaken hubungan lan kerja sama kaliyan para bupati
– bupati ing sak kiwa tengenipun Madiun, kayata; Raden Ngabehi Mangunprawiro
Bupati Purwadadi lan Raden Tumenggung Brotonegoro Bupati Polorejo.
Minangkapengikutipun
saking Kasunanan Surakarta, tamtukemawon panguwasa Polorejo kedah dipun
wajibaken sowan ing Keraton Surakarta supados dados bukti kasetyaanipun.
Ananging amargi Raden Tumenggung Brotonegoro boten pro-Belanda, Raden
Tumenggung Brotonegoro radi pakewed menawi bade sowan ing Keraton Surakarta,
amargi Raja Surakarta piambak raket kaliyan penjajah bangsa walandi ketimbang
ndukung Pangeran Diponegoro. Lajeng Raden
Tumenggung Brotonegoro menika ngutus juru tulisipun ingakang gadah asma Margo
Ewuh, supados mboten ndadosaken curiganipun Panguwasa Keraton Surakarta, Raden
Tumenggung Brotonegoro nitipaken serat menawi panjenenganipun gerah, sahengga
boten saget sowan teng Keraton Surakarta.
Kacariyos,
Margo Ewuh menika ingkang dados penghianat ing Kabupaten Polorejo. Margo Ewuh
ngendika dumateng Raja Surakarta menawi Raden Tumenggung Brotonegoro mboten
Pro- kaliyan pamerintahanipun Keraton Surakarta ingkang Pro-Belanda. Perang
boten saget dipun hindari, amargi hal kala wau.
Prajurit
bangsa walandi lan prajurit saking Keraton Surakarta langsung kemawon nyerbu
Kabupaten Polorejo, sahingga nyiptakaken perang ingkang boten karuan, prajurit
– prajurit Poloreja ingkang dipun pandhegani dening Raden Tumenggung
Brotonegoro piambak lan di ewangi dening Patih ingkang gadah asma Raden
Dipotaruno.
Tabuhan
kendang perang saking Polorejo sampun dumugi Badegan, Poloejo sampun bener –
bener tegang. Sedaya kekuatan sampun dipun kerahaken, ananging lawan ingkang luwih
kuat ndadosaken para prajurit Polorejo sami keponthalan, luwih – luwih sak
sampunipun Raden Tumenggung Brotonegoro kena panah saking musuh.
Raden
Tumenggung ingkang sampun kena panah saking mungsuh, mlayu saka Tlasih menyang
daerah kidul (saniki kasebut Kelurahan Bratanegaran). Ing papan menika Raden
Tumenggung Brotonegoro lan para prajurit Polorejo berjuang mati – matian.
Nanging posisinipun Raden Tumenggung Brotonegoro semakin kedesak, sahingga
Raden Tumenggung Brotonegoro terus mlayu mengidul dumugi daerah Dengok, ing
daerah menika lajeng mlayu mengilen tumuju Gunung Gombak (saniki Gunung
Larangan). Ing Gunung Gombak menika, Raden Tumenggung Brotonegoro gugur, amargi
dikepung dening para prajurit saking bangsa walandhi lan Keraton Surakarta.
Lajeng Jasadipun Raden Tumenggung Brotonegoro di makamaken ing gunung kasebut,
ananging sawise pirang – pirang tahun, kerangkanipun jasad Raden Tumenggung
Brotonegoro dipun pindah wonten ing Pesarean Setono.
Perlawananipun
Raden Tumenggung Bratanegoro sanget andadosaken gegering Pemerintahan Kolonial
Belanda ingkang wonten ing Madiun. Bangsa walandhi menika kedah sami pada
waspada menawi wonten perlawanan saking 3 Kabupaten ingkang wonten ing
Ponorogo. Sebab menika, pamarentah Belanda mundhut keputusan supados rakyat
indonesia mboten kontra kaliyan pamarentahan bangsa walandhi lan para panguwasa
Pamarentahan. Menika langkahipun;
1.
menging para warga Ponorogo sowan ing Gunung Gombak ( Gunung Larangan).
2. nekakake Prajurit
kompeni saking Madiun, ingkang dipun tempataken ing Dukuh Juritan Tambakbayan
supados njaga Kabupaten Polorejo, ing Kutho Wetan supados ngawasi ing Kabupaten
Ponorogo, lan ing Suradikraman supados njaga Kabupaten Pedanten lan Sumoroto.
Sak
sampunipun Raden Tumenggung Brotonegoro gugur ing medan perang, Kabupaten
Polorejo, di perintah dening putranipun Raden Tumenggung Brotonegoro, inggih
menika Raden Tumenggung Wiryonegoro. Ing sak ngandaping pamarentahanipun Raden
Tumenggung Wiryonegoro, Kabupaten Polorejo dados daerah ingkang aman, ayem,
tentrem, subur lan makmur, gemah ripah loh jinawi.
Kacariyos,
kala rumiyin Kabupaten Polorejo ingkang gadah i urip kang aman, tentrem, lan
makmur menika, berubah dados tegang malih. Gara – garanipun inggih menika
bangsa walandhi ingkang gadah pabrik menika mundut banyu ingkang dipun
ginakaken damel banyoni sawah penduduk Polorejo, ananging banyu kasebut di
aliraken menyang Pabrik Tom (bahan damel batik), pabrik menika gadahipun
kompeni ingkang mapan ing Jarakan.
Radaen
Tumenggung Wiryonegoro sanget anggenipun murka, jiwanipun patriotisme (cinta tanah air) lan anti
Belanda (anti kolonialis) Raden Tumenggung Wiryanegoro ingkan sampun di
tancepaken ing jroning prinsip dateng ingkang rama. Pabrik Tom ingkang wonten
ing Jarakan, di serang lan saget mateni 3 prajurit belanda. Kegiatan kasebut
ndadosaken murkaning para prajurit belanda.
Peristiwa
kasebut ndadosaken perang antara prajurit belanda kaliyan prajurit Polorejo.
Ananging amargi kalah gaman, Raden Tumenggung Wiryonegoro nyerah, lajeng Raden
Tumenggung dipun asingaken ing Batavia (Jakarta) lan padatan seda ing ngriku.
Sak
sampunipun Raden Tumenggung Wiryonegoro ing warsa 1837, pamarintah kolonial
walandhi menika ngapus anane Kabupaten Polorejo, supados boten wonten ingkang
dados tiyang ingkang nasionalis.
Lajeng
Kabupaten Polorejo menika dipun gabung kaliyan Kabupaten Ponorogo. Samenika
Kabupaten Polorejo saniki dados Desa Polorejo, ingkang malebet ing Kecamatan
Babadan.
Sak
sampunipun Raden Tumenggung Brotonegoro Bupati saking Polorejo gugur wonten ing
Gunung Gombak utawi (Gunung Larangan saniki) ngalawan bangsa walandhi.patihipun
Raden Tumenggung Brotonegoro ingkang gadah nama Raden Dipotaruna saget lolos
saking tentara bangsa walandi, lajeng Raden Dipotaruna lunga menyang Desa
Srandil lan ndelik ing Goa Batu ingkang mapan ana ing Gunung Ngrayu. Sak
sampunipun aman, Raden Dipotaruna medal saking anggenipun ndelik, samenika
Raden Dipotaruna ngrobah asmanipun dados Raden Mertokusumo, supados ngilangaken
jejak saking prajurit walandi.
Raden
Mertakusuma samenika dados sesepuh ing Desa Srandil, kalian Kyai Munobiat
(inggih menika priyantun ingkan sepisanan mbabad Desa Srandil). Dumugi saniki,
2 tokoh menika dados priyayi ingkang dipun hormati dening para warga Desa
Srandil menika.
Kacariyos
kala rumiyin, sak derengipun Raden Mertakusuma wafat, Raden Mertakusuma wasiat
dateng warga Srandil, menawi Raden Mertakusuma seda supadosdipun makamaken ing
Gunung Srayu (inggih menika sugeng rahayu) utawi Gunung ingkang dadosaken
keslamatan. Padatan, ing Gunung Srayu lan Gunung Ngaryu Raden Mertakusuma saget
nylametaken dheweke saking para tentara bangsa walandhi. Sak sampunipun Raden
Mertakusuma seda, para warga kedah makamaken ing Gunung Srayu.
Kala
rumiyin Desa Srandil menika wonten ing sangandaping naungan Kerajaan
Mangkunegara 1. Wonten ing jaman Kabupaten Sumoroto ingkang dipun parentah deningRaden
Mas Tumenggung Sumonagoro (Bupati Sumoroto II), ing warsa 1830 – an panjenengan
e ngejokaken Perdikan dateng Raja Surakarta Sunan Pakubuwana IV supados Desa
Srandil ingkang gadah i ombo kinten – kinten 70 Hektar menika dipin dadosaken
“Daerah Perdiksn” (bebas pajak) supados saget damel jaga lan nguri – uri
Pesarean Srandil lan sekaliyan dipun dadosaken pasareanipun para sesepuh myang
pini sepuh saking keturunan Bupati Sumoroto. Panjalukipun Sang Bupati
dikabulaken dening Sunan Pakubuwana IV.
Tamtu
saget kemawon mbok bilih pendamelan pager ingkang kelilingipun kinten – kinten
24 M X 24 M menika taksih ngadeg jejeg dumugi saniki, pembangunanipun sampun
kawiwitan awit Pamerentahan wonten ing kapemimpinanipun Raden Mas Tumenggung
Sumonagoro, lajeng dipun sempurnakaken ing warsa 1931.
Menawi
dipun bandingaken kaliyan makam – makam Islam
ing Nusantara, Pesarean Srandil menika kalebet pesarean ingkang tesih
enem umuripun. Ananging ciri khasipun taksih pakem kaliyan pengaruh budaya
aslinipun bangsa Indonesia piambak lan budaya Hindu utawi budaya Lokal (Jawa).
Miturut
papan panggenanipun, Pesarean Srandil menika wonten ing are pegunungan ingkang
dipun bagi dados 3 tingkatan. Sepisan wonten ing njawinipun pager, ingkang
nomer 2 lan nomer 3 wonteng ing salebeting pager. Pola menika nggabaraken
budaya asli saking Bangsa Indonesia, inggih menika kados punden undak – undakan
(papan panggenan ingkang dipun ginakaken damel muja roh – roh para leluhur, ingkang
wujudipun kados piramid.
Ing
tingkatan nomer 3 menika, makamipun para sesepuh ingkang di keramataken.
Buktinipun inggih menika ing mrika wonten makamipun Raden Mertakusuma
(priyantun ingkang mencetuskan cikal – bakal Pesarean Srandil), wonten ugi
pesareanipun Bupati Sumoroto, inggih menika; makam Raden Mas Brotodirdjo
(Bupati Sumoroto III) lan Raden Mas Adipati Brotodiningrat (Bupati Sumoroto
IV). Khusus damel Raden Mas Tumenggung Prawiradirja (Bupati Sumarata I)
makamipun wonten ing Pesarean Setono Ponorogo, menawi Raden Mas Tumenggung
Sumonagoro (Bupati Sumoroto II) makamipun wonten ing Ampelgading Surabaya.
Menawi
dipun tingali saking wujudipun bangunan menika, wonten penaruh bangunan Budaya
Hindu lan Budaya Jawa. Wujudipun inggih menika; “Kori Agung” inggih menika
gapura agung ingkang wonten lawang lan gendheng e, fungsinipun gapura kasebut
inggih menika damel medal mlebetipun para peziarah. “kori agung” inggih menika
paninggalanipun Budaya Hindu ingkang fungsinipun dados lawang gerbang mlebu –
metu ing Candi. Sak sampunipun Islam malebet, “kori agung” menika dados pintu
gerbang malebet ing makam lan pintu gerbang malebet ing masjid.
Kori
agung (gapura ) ing Pesarean Srandil ingkang payonipun awujud “Limasan” inggih
menika bukti wonten pengaruh budaya lokal (Budaya jawa), amargi “limasan”
kasebut mujudaken ciri khas bangunan omah jawa sak liayane Joglo lan Serotong.
Menawi
di deleng saking fungsi bangunanipun, makam ing Pesarean Srandil menika gadah i
fungsi kang cocok ingkang sami kaliyan omah – omah kaya biyasane. Amargi ing
Pesarean Srandil menika wonten cungkup e, inggih menika kados bangunan omah ing
sak nginggilipun makam ingkang wonten ing tingkatan ke-3 (level ingkang paling
keramat).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar